Kamis, 30 November 2017

SELAYANG PANDANG ALUMNI 87

KERUKUNAN ALUMNI 87







Lha inggih meniko ingkang dipun wastani Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu, rumiyin SMP Negeri Uteran Geger Madiun.

Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu : Paribasan karang Padesan ingkang ketingal ijo royo-royo, asri, asrep tuwin tentrem. Sedoyo sami sak iyek sak eko proyo, sami holobis kuntul baris, tulung tinulung, senaoso namung paribasan klungsu-klungsu melu udu.

Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu :  mboten mbedak-mbedakaken sopo siro sopo ingsun, nanging sedoyo alumni saget kerangkul ingkang nyawiji, kowe yo aku, aku yo kowe. Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu, prasasat kados tetuwuhan ingkang tledung-tledung ngrembuyung, ngremenaken menawi dipun sawang sok sinteno kewolo, ingkang saget mupangati tumrap sesaminipun Alumni.

Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu, kandel anggenipun rumaos, setunggal nandang prihatin sedoyo nderek ngraosaken. Katitik sakben wonten ingkang nandang sungkowo lumantar wakil ingkang makili sedoyo alumni saget sami rerangkulan, mangertos menawi sedoyo sampun kecathet dados keluarga ageng Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu.
Karukunan ingkang sampun tinalenan roso asih kolo walu prasasat kados rukunipun mimi lan mintuno.

Senaoso benten-benten pakaryanipun, senaoso sami tebih papan panggenan utawi laladan setunggal lan setunggalipun, nanging naliko sami andum damel sedoyo tumut cawe-cawe, sami cancut tali wondo, prasasat tebihe laladan kolowau mboten ndadosaken pepalanging kekajengan kolowau.

Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu tansah guyup rukun ingkang tundonipun damel tentremipun manah. Karukunan ingkang dipun tali adedasar raos sami-sami naliko dipun gulo wentah kalih bapak/ibu guru SMP Negeri I Geger leresipun 30 (tigangdoso) warso kang kepengker.

Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu, nalikanipun murid-murid taksih timur, prasasat naliko semanten taksih nandur, ingkang sakmeniko prasasat ngunduh ingkang dipun tandur naliko semanten.

Napak tilas murid-murid Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu dinten sakmangke, pratondo menawi sedoyo mboten kesupen kaliyan lanjaranipun, mboten kesupen kaliyan papan pasinaonipun. Langkung-langkung mboten kesupen dumateng poro bapak tuwin ibu guru ingkang sampun nggulowentah naliko semanten.

Napak tilas murid-murid Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu, dinten meniko, saklintunipun kagem ngusadani raos kapangipun manah, ingkang langkung wigatos ngraketaken anggenipun pasederekan tuwin ngiyataken tetalenan silaturohminipun ingkang sampun kapegat antawis 30 (tigangndoso) warso laminipun.

Karukunan ingkang sampun lumampah kados sakmeniko, Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu mboten mandeg, nanging lestari sak laminyo kanthi tinalenan raosipun manah sami-sami Alumni SMP Negeri Setunggal Geger.

Mekaten kolowau menggahipun irah-irahan utawi gambaranipun kawonten Alumni SMP Negeri setunggal Geger wolu pitu wekdal meniko.


Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar